Angedohna mring dosa
sayekti
wong kang enget iku
watekira
adoh marang bilahine
mangkono sulangipun
wong kang amrih
harjaning dhiri
yeku pangulahira
batin ugeripun
ing lair garbanipun
basa
yeku aran kalakuan
ingkang becik
margane mring utama
TEMBANG Dhandhanggula ing dhuwur iku
kapethik saka Serat Darmalaksita (Laku Utama), karyane pujangga Mangkunegara
IV. Laku utama iku sayektine ngedohi marang laku dosa. Dosa marang Gusti Allah,
dosa marang sesamanipun urip, lan dosa marang dhiri pribadi.
Dosa marang
Gusti Allah iku rinembug ana ing babaganing agama. Lan dosa marang sesamanipun
urip iku rinembug ana ing babagan tatananing ngaurip bebrayan(adat istiadat
utawa etika sosial). Bab dosa loro iku mau bisa kalebur karana nyuwun pangapura
lan tobat. Nanging dosa marang dhiri pribadine dhewe iku angel olehe
njarwakake. Sebab bab siji iku gumantung marang sipat lan sikepe dhiri pribadi
saben manungsa kang nora bakal ana sing ceples(padha plek), sebab jarene kandha
wis gawan bayi.
Merga saka
wis gawan bayi iku ma, bisane owah, tegese kanggo nambah beciking dhiri lan
ngurangi eleking pribadi kang nggawe dosa iku, kudu wani mawas dhiri. Miturut piwulange
Mangkunegara IV ana ing Serat Darmalaksita, kudu enget watekira, kanggo
ngedohake bilahine. Tegese ngerti marang cilik lan gedhene sipat sarta
tindak kang ora prayoga denlakoni.
Sawenehing sabdatama
kang ngrembug laku utama, nuduhake dalan pramayoga kang sinebut Panca
Kerti(limang prakara dalaning urip kang raharja). Raharja iku tegese slamet lan
rahayu kanggo sanguning urip, yaiku pinter, kendel, prigel, supel lan tegel.
Maknane pinter iku dudu pinter ana ing bab
encering pikir ing bab kawruh, ananging pintering pribadi. Pintering pribadi
iku bisa dinarani bisa lan wani nggagas bab kekurangane lan kaluwihane sipat
lan tindak kang dinuweni dening awake dhewe. Ngrembug bab awake dhewe iku
disebut mawas dhiri. Bener apa salah, kleru apa leres, luwih apa kurang
(kebablasen apa kecupeten olehe tumindak apa pangucape).
Maknane
kendel iku kudu wani tumindak lan ngelikake liyan utawa wani nggetak, ananging
kendel sebab bener olehe nemtokake dalaning urip kang utama. Bener merga pener,
tegese wani tumindak merga adhedasar paugerane agama (syariat), ukuming
bebrayan (norma). Maknane prigel iku uga dudu prigel ing bab nggarap pakaryan
utawa prigel ing gawe, ananging taberi, teges lan pikoleh (ana asile). Maknane supel
iku dudu ramah, luwes lan kewes ana ing urip bebrayan, ananging bisa lan
mangerteni marang pilihan lan dalan pilihane liyan. Tegese kurmat marang
gagasaning liyan, kateguhaning pribadi kang dadi sikepe kanca rembugan.
Maknane tegel
iku dudu wani tumindak kejem, ananging wani nolak kekarepaning liyan, bujukan
lan ajakan kang becik denlakoni tumrape sing ajak-ajak lan sing padha saijeg
saeka kapti, ananging tan prayoga tumrape dhiri pribadine dhewe lan
kaluwargane, amarga beda keyakina lan syariat utawa piyandeling urip kang pener
bener durung karuwan pener. Apik durung karuwan becik. Pinter durung karuwan
wicaksana.
Mula ana ing
ngelmi (tuntunaning agami Illahi Robi) kabedakake kanthi wela-wela lan teges,
yaiku kang sinebut dalan nikmat, dalan sesat lan dalan walat. Nikmat amarga
kaparingan lan pikantuk anugerahing Illlahi Robi. Sesat amarga nyimpang saka
dhawuh lan wani nasak wewalering Gusti Allah. Lan entuk walat amarga laku
culika, nora ngiman lan takwa sahengga kenging laknate Kang Murbeng Dumadi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar